PETUAH JAWA

-Para sederek kula sedaya ageng alit enom lan tua mumpung sik urip ing alam donya,limang wektu dang lakonono

-Ono donya iku ora suwe,ibarate mampir ngobe,mula sing sregep ibadahe kanggo sangu ing akhirat

-Besuk bakale ana timbalan ,timbalane ora kena wakilan,timbalane kang Maha Kuasa gelem ora gelem kudu teka

-Ono donya aja anggak-anggak mesthi sira bakal numpak pundhak,mlebu kubur ulesmu di buka,di tinggal ngungkur di idak-idak

-Ono donya aja suk takabur najan sira wis iso mabur,mesthi sira kegrujuk banyu siwur,mlebu kubur awakmu ajur

-Ono donya aja mondhar-manhir tansah nurut karepe pikir,apa sira ora kuwatir yen bakal madhep Mungkar lan Nakir

-Yen wus ganti pakaian putih ,kena budhal ora kena mulih,tumpakane kereta jawa ,rodane papat rupa manungsa

-Jujukane omah kaya guwa,tanpa banthal tanpa klasa,gletak ijen ra ono kancane,peteng dhedhet ra ono lampune

-Dhen tutupi anjang-anjang ,dhen uruki di siram kembang,konco koncomu padha nyawang,padha nangis kaya wong nembang

0 komentar: